SKRIPSI
(PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA)
MODEL EVALUASI BERBICARA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF-KOMUNIKATIF
ABSTRAK
Evaluasi micara yaiku sarana kanggo ngukur katrampilan micara siswa ing
sajroning kompetensi dasar. Ing piwulangan basa Jawa, kang dadi
pangincengan evaluasi yaiku kompetensi komunikatif (basa padinan). Salah
sijine kompetensi komunikatif kang produktif yaiku katrampilan micara.
Evaluasi micara utamane ora mung katindakake sacara komunikatif,
ananging bisa dicakke nganggo integratif. Integratif kuwi gabungan saka
katrampilan basa siji karo katrampilan basa liyane, utawa antar komponen
basa. Ananging, ing kasunyatane nganti seprene evaluasi piwulangan basa
Jawa kang wis digawe guru ing sekolahsekolah ora komunikatif lan
integratif. Amarga kuwi, prelu dianakake pengembangan model evaluasi
micara supaya bisa nggladhi lan ngukur kompetensi komunikatif saben
murid ing babagan micara sing dicakke sacara integratif. Miturut
andharan ing dhuwur, prakara kang dirembug ing panaliten iki yaiku, 1)
kepriye draf model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar
integratif-komunikatif?, 2) kepriye validasi model evaluasi micara
piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar integratif-komunikatif?, lan 3)
kepriye model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar
integratif-komunikatif. Tujuan panaliten iki yaiku 1) nyusun draf model
evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar
integratif-komunikatif, 2) njlentrehake kasil validasi model evaluasi
micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar integratifkomunikatif, 3)
nyusun model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar
integratif-komunikatif. Panaliten iki migunakake dhasar Research &
Development. Prosedur panaliten iki ana tahap papat yaiku analisis
kurikulum, desain produk, validasi desain produk, lan revisi desain
produk. Subjek panaliten iki yaiku guru basa Jawa SMA/ SMK telu lan
pakar basa Jawa loro. Kanggo nglumpukake data nggunakake angket uji ahli
saengga teknik pangumpulan data panaliten iki saka teknik angket.
Teknik analisis data kang dinggo yaiku teknik analisis interaktif saka
komponen telu yaiku reduksi data, penyajian data, sarta dududan lan
verifikasi. Asil panaliten nuduhake ana model evaluasi lima ing draf
model evaluasi micara adhedhasar integratif-komunikatif, yaiku 1) model
evaluasi bermain peran; 2) menceritakan/ menyampaikan berdasarkan
rangsang visual; 3) menceritakan/ menyampaikan berdasarkan rangsang
audio; 4) menceritakan/menyampaikan berdasarkan rangsang audio visual;
lan 5) menanggapi. Draf kuwi banjur di validasi dening uji ahli basa
Jawa. Validasi uji ahli kang dikoreksi saka pituduh nggarap soal, basa
ing butir soal lan model soal. Pituduh nggarap soal lan basa ing butir
soal bisa dimangerteni kaluputane saka ejaan, dhiksi (unggah-ungguh),
ukara lan wacana kang runtut, dene model soal kang wiwitan cacahe ana
lima diklompokake dadi papat. Klompokane kuwi adhedhasar panganggone lan
model lima kang during di validasi kuwi mau wis mlebu kabeh ing papat
model kang dikembangake. Saka andharan mau, model evaluasi micara basa
Jawa nuduhake model evaluasi papat yaiku bermain peran, bercerita,
berdiskusi, lan menanggapi. Saran kang bisa diwenehake adhedhasar asil
panaliten yaiku, 1) kagem guru basa Jawa utamane ing SMA kudu luwih
maneka warna nalika maringi evaluasi kompetensi micara. Amarga kuwi,
model-model evaluasi micara ing panaliten iki bisa didadekake kanggo
salah sijine referensi ing sajrone nindakake evaluasi piwulangan ing
sekolah. Materi panaliten iki trep kanggo ing dhaerah Kudus. Model iki
bisa dinggo ing dhaerah ngendi wae, ananging panganggone basa kuwi kudu
trep karo kahanan lan dhaerah model evaluasi micara iki digunakake.; 2)
mangerteni durung sampurnane panaliten iki, mula kudu ana
panaliten-panaliten liyane kanggo panyampurna panaliten iki lan dadi
produk anyar kanggo panaliten pengembangan ngenani piwulangan basa Jawa.
0 comments:
Post a Comment