SKRIPSI
(PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA)
PENINGKATKAN KETERAMPILAN MEMBACA WACANA BERHURUF JAWA DENGAN PERMAINAN ARJUNA NGULANDARA PADA SISWA KELAS VIIIA SMP NEGERI 3 PULOSARI KABUPATEN PEMALANG
ABSTRAK
Kapirgelan maca aksara Jawa siswa isih kurang. Apa maneh kaprigelan
siswa jroning maca aksara Jawa. Kahanan iku bisa dimangerteni saka biri
rata-rata siswa kang durung nyandhak KKM kang gedhene 70. Siswa ora
nyandhak biji KKM iku jalaran siswa nanggep aksara Jawa iku angel lan
mboseni. Ana ing bab iki, guru kang paling mangerteni kahanan lan
kaprigelan siswa. Guru kudu ngowahi cara mulange lan migunakake media
inovatif ana ing piwulangan maca aksara Jawa. Media kang bisa digunakake
kanggo ngundhakake kaprigelan maca aksara Jawa salah sijine migunakake
dolanan Arjuna Ngulandara. Rumusan masalah kang dirembug ing panaliten
iki yaiku, (1) kepriye anggone ningkatake kaprigelan maca aksara Jawa
sawise piwulangan nganggo dolanan Arjuna Ngulandara lan (2) kepriye
owahing patrap siswa ing aspek afektif, kognitif lan psikomotorik siswa
kelas VIIIA SMP Negeri 3 Pulosari Kabupaten Pemalang sawise piwulangan
maca aksara Jawa nanggo dolanan Arjuna Ngulandara. Peneliten iki kalebu
panaliten tindakan kelas kang mkigunakake rong pratelan, yaiku siklus I
lan siklus II kanthi target biji rata-rata kelas utawa KKM 70. Subjek
ana ing panaliten iki yaiku siswa kelas VIIIA SMP Negeri 3Pulosari keng
caca ke ana 41 siswa. Saben siklus kaperang dadi tahap perencanaan,
tindakan, observasi, lan refleksi. Datane dijupuk mawa teknik tes lan
nontes. Kanggo njupuk data migunakake piranti kang awujud pedoman
observasi, jurnal, angket, wawancara, lan dokumentasi. Data tes dijupuk
saka penilaian aspek kasil saka dolanan, lan ora ngluwihi wektu. Kanggo
analisis data mawa cara kualitatif lan kuantitatif. Asil panaliten
nudhuhake manawa sadurunge ditindakake piwulangan nganggo dolanan Arjuna
Ngulandara, kaprigelan maca aksara Jawa siswa ana ing sakngisor KKM
yaiku biji rata-rata siswa 67,32 lan sawise ditindakake siklus I biji
rata-rata dadi 71,04 tegese mundhak 5,73%. Ewadene wis nyandhak biji
KKM, nanging durung maksimal. Asil siklus II biji rata-rata siswa dadi
78,53 kang tegese mundhak 10,50% saka siklus I. Sawise piwulanggan maca
aksara Jawa nganggo dolananan Arjuna Ngulandara, saliyane mundhakake
kaprigelan maca aksara Jawa, patrape siswa nalika piwulangan maca aksara
Jawa uga owah. Owah-owahan kang ana pinuju marang telung perkara yaiku
kognitif, afektif, lan psikomotorik. Owah-owahan ing perkara kognitif
disawang saka owahe kaprigelan siswa anggone ngapalake aksara Jawa lan
siswa bisa paham anggone maca aksara Jawa. Patrap afektif disawang saka
owahe siswa luwih antusias lan nggatekake anggone melu piwulangan maca
aksara Jawa lan bisa guyub ing kelompoke. Patrap psikomotorik disawang
saka siswa urut anggome mglakokake dolanan Arjuna Ngulandara. Pangajab
saka panaliten iki yaiku media dolanan Arjuna Ngulandara bisa digunakake
dadi media kanggo piwulangan maca aksara Jawa khususe SMP ing Kecamatan
Pulosari lan umume ing Kabupaten Pemalang, guru kudu luwih kreatif
migunakane media ana ing piwulangan, lan bisa nindakake panaliten
lanjutan nanging migunakake media sing beda supaya bisa nindakake mutu
pendhidhikan utamane ana ing piwulangan maca aksara Jawa.
0 comments:
Post a Comment